October 17, 2010

SESEREPAN (4)

Kesanggupan ...
Bab kesanggupan, ngemu teges dasar tekad utawa niat sing kuat, penting kanggo ndasari gegayuhan laku utama srana jumbuhe rasa Gusti. Kesanggupan ngowahi awake dewe kang ditembungke dandan, lan kesanggupan ngakoni sangkan parane dumadi sak lawase urip. Yen durung bisa nanting awake dewe supayane saguh dandan, ya bakal kengelan lan kabotan olehe nglakoni, sebab urip iku ora segampang diomongke.
Saguh dandan. Ya kudu mangerteni karepe dandan, ngowahi sing ala lan sing luput tumuju marang kautaman, tembung panebusing dosa. Dandan iku mau ya kebutuhane dewe, mula kudu bisa dilakoni kanthi seneng. Nanging yen ora mangerteni apa lupute, apa kurange utawa apa dosane, ora bakal nduwe eguh dandan, wong ora ngrumangsani. Kanthi ngrumangsani iku mau, didasari tekad sing kuat, saguh ngowahi awake dewe, dandan nggayuh kautaman.
Saguh ngakoni sangkan parane dumadi. Semuno uga kudu mengertini endi sangkan parane dumadi, ya sesepuhe dewe, sesepuh lahir lan batin. Ngerti sangkan parane dumadi ditembungke ngerti dalane urip, dadi olehe ngakoni yo sak lawase urip. Ngakoni ing kene ngemu teges yakin utawa iman. Ing kene jelas yen kita kudu saguh kanthi dasar tekad sing kuat kanggo ngopeni dalan uripe dewe.
Bab kesanggupan iki ringkese, saguh ngowahi ya saguh dandan, saguh ngakoni ya ngimani sebab iman iku 'segala-galanya'

No comments:

Post a Comment

bebas berkomentar, berkomentar bebas ....