December 12, 2010

SESEREPAN (6)

Dalane wong urip.

Dalane wong urip, dudu dalane wong mati. Nyumerebi dalane wong urip raket supeket karo nyumerebi sangkan parane dumadi,  ya nyumerebi asal-usule urip, ya asal-usule wong urip. Tegese kudu ngerti apa sing ditembungke dalane wong urip lan kudu ngerti dununge sangkan parane dumadi.

Menungsa urip ing alam donya utawa lahir ing alam donya, ateges tata lahire urip merga anane sesepuh bapa biyung.

Menungsa kang tata lahire urip nduweni roh langgeng menungsa utawa rasa, kawit ana ing kandungan utawa batine urip, ateges manjalma, amarga tumetese wahyu urip wujud tumurune wahyu roh langgeng menungsa ana ing jabang bayi, kang sumbere sesepuh roh langgeng.

Menungsa kang tata lahire urip utawa badan wadage urip lan nduweni roh langgeng menungsa, iku kang ditembungke wong urip. Ing kene rasa langgeng menungsa, urip lan genep, yen jumbuh karo rasa sesepuh langgenge. Jumbuhe rasa langgeng iki amarga anane sesepuh bapa guru kang njumbuhake rasa langgeng iku mau.

Sesepuh langgeng, sesepuh bapa guru lan sesepuh bapa biyung kanggone menungsa teges sangkan lan parane dumadi, gumolong karo sangkan lan parane tresna lan bekti. Laku tresna lan bekti tumuju marang sesepuhe iku mau kang ditembungke ngerti sangkan parane dumadi.

Laku tresna lan bekti kasebut ing ndhuwur tegese dalane wong urip, dalan tumuju marang sesepuhe, ya sangkane lan parane dumadine menungsa.

Ditembungke dudu dalane wong mati amarga laku tresna lan bekti iku lakune wong urip, laku kang ora bisa ditindakake dening wong mati. Semono uga laku tresna lan bekti bisane tumuju marang sesepuhe kang urip, sing ditresnani lan dibekteni iku ya kudu urip.

Ringkese, sangkan parane dumadi iku dalane wong urip, wujud laku tresna lan bekti.

No comments:

Post a Comment

bebas berkomentar, berkomentar bebas ....