March 21, 2012

NYUDA NGAKONI

Bebungah teka rikala rasa bisa gathuk karo kasunyatan, bisa lega nampa kahanan sing diadhepi wektu iki, dina iki. Yen esuk mau, gregah tangi turu miwiti dina kanthi ngrumangsani, njur apa maneh kang luwih pantes kanggo ngadhepi kahanan kang saya dina tansaya rusak.Ngrumangsani kang bakal bisa kanggo nyuda olehe ngakoni apa wae kang wis, lagi lan arep dilakoni. Lakune sakderma, sumeleh utawa dipasrahake, sing lega olehe nampa kahanan. Bisaa nampa berkah bebungah.
Sing nglokro dadi semangat, sedih dadi seneng, lara dadi sehat, seret dadi lancar, kuatir dadi tatag lan sak piturute. Yen rasa banjur bisa ngatasi kahanan, bakal dadi pinaringan berkah lan mukjizat.

The excitement comes when feelings can be matched with reality, can be relieved accepts the current situation facing the situation today. If only this morning, shortly after waking starts with feeling good, then what else is more appropriate to deal with circumstances that are increasingly chaotic. Feel good that will be used to reduce personal recognition for the things done. The journey of life is just undergone, resignation, relief in the receiving state. Can receive the blessings of joy.
A spirit of desperate, sad to be happy, be healthy sick, choked to be smooth, be steadfast and fear others. If feelings can overcome the situation, would be a blessing and a miracle.

m i l i

Wong urip kuwi obah, kayata banyu kang mili, dina-dina tansah ngadhepi perkara-perkara kang gilir gumanti. Embuh kuwi perkara kang nyenengake utawa perkara kang ora nyenengake. Mula kudu padha nduweni dedhasaran kang nganthili lakune dhewe-dhewe, ngengingi perkara-perkara kang lunga teka kaya banyu mili kuwi mau.
Nganggo didhasari keyakinan ing batin, utawa didhasari iman, wong kuwi mlakune, kanggo mbengkas ruwet rentenge uripe lan mbiyantu pepadhane. Keyakinan  iman marang Panjenengane, sebab nang kono sumbere lan kang nduweni  pambengkas kang bisa ngatasi. Supayane ora nganti keli iline perkara-perkara kang lunga teka kuwi mau.
Kahanan kang wis gumelar bisaa dadi pasinaon, yen mumpunine pikir utawa kapinteran tata lahir bisa dadi pepalang kanggone nyandak keyakinane. Iki bab wigati. Sesab yen rumangsane wis bisa dirampungi srana kapinterane pikir banjur ninggal keyakinane utawa mepes imane dhewe. Yen mengkono padha sing ngati-ati olehe mlaku, sak nggon-nggon akeh sandhungan kang ndlungupake.
Ngertia ing semu, ora perlu keminter lan semuci-suci. Kulinaake nglelimbang, pasrahna sanggane urip ana ing entek-entekane dina ya sak durunge mapan turu, lan gembolen imanmu ana ing wiwitane dina. Kanggo sangu mlaku saben dinane, ngayahi kewajiban, gawe pepadhang lan kaenthengan.
Aja lali nglakoni sing wajib kanggo njaga lan mbangun yakine.
…..
‘…nak, njenengan niku dhukar sak jarane, kula sing ngusiri …’