March 21, 2012

m i l i

Wong urip kuwi obah, kayata banyu kang mili, dina-dina tansah ngadhepi perkara-perkara kang gilir gumanti. Embuh kuwi perkara kang nyenengake utawa perkara kang ora nyenengake. Mula kudu padha nduweni dedhasaran kang nganthili lakune dhewe-dhewe, ngengingi perkara-perkara kang lunga teka kaya banyu mili kuwi mau.
Nganggo didhasari keyakinan ing batin, utawa didhasari iman, wong kuwi mlakune, kanggo mbengkas ruwet rentenge uripe lan mbiyantu pepadhane. Keyakinan  iman marang Panjenengane, sebab nang kono sumbere lan kang nduweni  pambengkas kang bisa ngatasi. Supayane ora nganti keli iline perkara-perkara kang lunga teka kuwi mau.
Kahanan kang wis gumelar bisaa dadi pasinaon, yen mumpunine pikir utawa kapinteran tata lahir bisa dadi pepalang kanggone nyandak keyakinane. Iki bab wigati. Sesab yen rumangsane wis bisa dirampungi srana kapinterane pikir banjur ninggal keyakinane utawa mepes imane dhewe. Yen mengkono padha sing ngati-ati olehe mlaku, sak nggon-nggon akeh sandhungan kang ndlungupake.
Ngertia ing semu, ora perlu keminter lan semuci-suci. Kulinaake nglelimbang, pasrahna sanggane urip ana ing entek-entekane dina ya sak durunge mapan turu, lan gembolen imanmu ana ing wiwitane dina. Kanggo sangu mlaku saben dinane, ngayahi kewajiban, gawe pepadhang lan kaenthengan.
Aja lali nglakoni sing wajib kanggo njaga lan mbangun yakine.
…..
‘…nak, njenengan niku dhukar sak jarane, kula sing ngusiri …’

No comments:

Post a Comment

bebas berkomentar, berkomentar bebas ....