October 17, 2010

SESEREPAN (5)

Aturane wong urip ...
Bukti yen wong urip nganggo aturan, nyatane dicawisi bluwen, ya kango nyemplungke wong kang nerak aturan. Aturene wong urip utawa pthokane ana telung perkara, siji bebuden luhur, loro surup ndadari, telu karma.
Pathokan angka siji, bebuden luhur.
Apik lan alane menungsa iku dudu ngelmu lan agamane, nanging bebudene, ya kudu dilampiri bebuden kang luhur. Bebuden luhur iku tegese deneng melayani ekpentingane liyan sing tumuju marang kautaman. Kosok balike bebuden nisto iku kang ditembungke waton entuk, embuh kono ora mangerteni. Bebuden luhur bisa uga ditembungke laku utama, kang kudu diudi lan dilakoni sak lawase urip.
Kautaman iki diudi ana ing awake dewe, dununge, ateges jagad cilik, kanggo melayani kepentingan liyan kang tumuju marang kautaman, ana ing urip saben dinane, ateges urip ing jagad gedhe.
Laku kanthi dasar bebuden kang luhur iki bisa dadi berkah, ya berkah pepadang, berkah tetampba lan berkah ngenthengake bebane liyan. Migunani tumrap awake dewe, liyan lan munggah marang negarane.
Panthokan angka loro, lakune menungsa secara lakune banyu.
Bisa uga ditembungke cakramanggilingan utawa surup ndadari, ya manjalma ya manukswa. Sipate banyu yen kene kurang kono mbludag, nanging mengkone bakal mili menyang segara, dadi mendung maneh lan yen wis tekan titi mangsane bakal mudhun maneh dadi udan kang sipate nguripi. Mengkono terus, muter saklawase, semono uga uripe menungsa.
Yen uripe menungsa ngono kuwi, ya manjalma ya manukswa, kamangka saklawase, banjur swarga nraka ngendi nggone. Swarga nraka iku nggone ana ing rasane menungsa, ora nang kanane, tapi nang kene nang rasane menungsa. Nang kanane iku tembung miring, yen nang kene iku gumathok. Kawito jaman mbiyen ngendi ana wong kang wis tau menyang swarga, durung ana, dadi cetho yen swarga nraka ana ing rasane menungsa.
Wong urip iku nduweni roh utawa rasa, yen mati tegese wis ucul rohe, uta wis ora bisa ngrasake. Dadi sing nduweni rasa pangrasa lan bisa ngrasake ya wong urip. Wong urip, teges manjalmo, iku kawiwitan mudhune wahyu urip, ya mudhune roh menungso, mudhun ing jabangbayi sakjerone kandutan. ....

No comments:

Post a Comment

bebas berkomentar, berkomentar bebas ....