Showing posts with label seserepan. Show all posts
Showing posts with label seserepan. Show all posts

November 25, 2017

BERCERMIN



Sore tadi, cuaca Batam lebih panas dari biasanya, sepanjang hari gerah, keringetan dan lengket. Jadilah mandi sore lebih awal, biar sejuk dan segarrrr. 

Kebiasaan sebelum mandi berdiri di depan cermin, wehhh brengos (kumis) sudah panjang dan sedikit acak adul. Sambil potong brengos tetiba saja kepikiran, untung saja ada cermin, jadi tahu kalo brengosku sudah kepanjangan dan indah dihiasi sedikit uban. Hebat ya penemu cermin. Hebatnya lagi cermin tidak pernah bohong, selalu jujur.

Kalau lah cermin selalu jujur, artinya bisa untuk melihat seperti apa kita, itulah bayangan yang ada di balik cermin. Seandainya saja cermin kehidupan (mawas diri) setegas kaca cermin, beruntunglah kita semua, mudah melihat mana kekurangan kita. Karena sesungguhnya bagaimanapun kebidupan kita, apapun yang kita alami adalah cerminan yang sejujur-jujurnya dari diri kita.

Kenyataannya, ketika ‘bercermin’, mawas, begitu sulit melihat bayangan kita sendiri, begitu sulit melihat dan mengakui kekurangan diri. Seandainya lah ini yang terjadi, sesungguhnya dibutuhkan lebih banyak rendah hati. Sikap batin yang rendah hati ibarat lap dan cairan pembersih kaca. Semprot, lap, lap, lap, dan jreng-jreng, lebih jelas bayangan di balik cermin. 

Sikap batin rendah hati ketika dibumbui dengan sedikit kesadaran dan pemahaman, akan menjadi awal yang baik untuk memperbaiki keadaan. Kesadaran dan pemahaman bahwa beban hidup adalah dosa. Entah itu beban kesedihan, kuatir, sakit hati, kecewa, kewajiban tak terselesaikan, perasaan remuk redam, letih lesu dll, dll. Ya, dengan rendah hati, menyadari itu semua yang terjadi adalah cerminan kita yang sejujurnya.

Dengan begitu maka sesungguhnya yang kita butuhkan adalah pengampunan. Kebutuhan pengampunan adalah kebutuhan paling mendasar bagi setiap manusia. Pengampunan untuk membersihkan hidup kita. Seperti ketika kita habis ngopi, gelas dibiarkan kotor, mungkin sampe berjamur. Jangankan diisi teh atau susu, bahkan buat ngopi lagi pun tidak bisa, bahkan bisa menjadi bibit penyakit. Bersih menjadi syarat kelayakan menerima berkah, dan pengampunan 

adalah kebutuhan.

Bukankan kerena kasihNya penebusan sudah dibayar lunas, tetapi bertobat, dengan rendah hati mengakui kesalahan adalah keniscayaan. Dalam hal ini bercermin perlu dilatih, sampai bisa dengan rendah hati mengakui kesalahan-kesalahan dan mohon pengampunan.

Betul, pengampunan atau penebusan adalah keniscayaan, tetapi memaafkan adalah syaratnya. Menjadilah pemaaf, jalin silaturahmi dengan sesama, jangan ada kebencian di antara kita, sampai tahap bisa mencitai. Menjadilah ikhlas menerima keadaan sampai tahap bisa bersyukur. Seandainya lah belum bisa mencintai dan belum bisa bersyukur, setidaknya jangan membenci dan jangan menyalahkan keadaan. Lantas apa yang mesti kita lakukan?

Untuk memudahkan memahami dan melangkah, jadikan hidup kita sebagai sebuah devosi, sebuah pengabdian, wujudkan dalam bentuk bakti, penyerahan diri dan setia. Bukan devosi sebagai ritul doa. Jika ritual devosi dijalani dengan sungguh-sungguh maksimal hanya bisa merasakan kesengsaraannya. Dan ketika ritual dijalani dengan kontemplasi, bisa menyentuh hati. Tetapi yang terpenting ketika devosi bisa terwujud secara empiris, bukan sekeder ritual tetapi nyata dalam kehidupan keseharian.

Dan ketikan hidup keseharian adalah sebuah devosi maka hidup kita akan menjadi pengabdian panjang kepadaNya selama hayat masih dikandung bandan, dan terdiri dari pengabdian-pengabdian pendek yang berseri maupun yang paralel, berkelanjutan dengan setia berbakti kepadaNya.

Menyadari bisa sebagai awal, bercermin, caritahu apa yang terjadi, dan jadikan ketetapan. Ketika sudah ditetapkan, entah itu keinginan, cita-cita, menyelesaikan kewajiban, mencintai keluarga, pekerjaan, atau apapun, bahkan ketika keketapan itu adalah hukuman mati. Jalani pengabdian dengan setia sampai akhir.

Keseharian, misal bersih-bersih rumah, jadikan itu wujud bakti kepadaNya. Berdamai dengan keluarga, bekerja, dan semua aktifitas keseharian jalani dengan ketaatan atau setia dan jadikan bakti kepadaNya.

Dan ketika datang rintangan, ketika terjatuh, jangan kuatir. Ketika keseharianmu adalah wujud bakti maka akan datang juga pertolongan, mungkin dari keluarga, teman, atau bahkan orang yang tidak kita kenal. Mungkin bisa saja perotolongan membantu memikul beban kita, atau bahkan sekedar menyeka keringat kita, tetapi percayalah itu yang akan terjadi. Ketika jatuh inilah, kerendahan hati dibutuhkan untuk memohon pengampunan. Dan lanjutkan pengabdian.

Ketika terjatuh lagi, mohonlah pengampunan lagi, sembari bercermin apakah kita sudah menjadi pemaaf. Begitu seterusnya, tetaplah setia.

Satu devosi pendek akan berujung pada puncaknya ketika satu ketetapan digenapi atau mencapai kecukupannya. Dan itu hanya terjadi ketika kita sudah bisa menemukan penyerahan diri, kepasrahan kepadaNya atas penyelenggaran seluruh hidup keseharian kita. Ya seluruhnya kita serahkan, pekerjaan, keluarga, semua permasalahan, jiwa dan raga.

Satu contoh kecil patut dicoba. Menjelang tidur, rileks, siapkan hati, “……kuserahkan nyawaku kepadaMu ….”. Rasakan sensasinya, dan pergilah tidur. Esok hari, ketika bangun, kembali rasakan sensasinya, menjadi seperti terlahir kembali. 

Dalam keseharian, rasakan sensasi kerahimanNya. Kalau lah nyawapun sudah kau serahkan, beban terasa sudah diangkat, nyata kehadiranNya dalam keseharian.

Sungguh, ini tidak pandang rupa, sesiapa yang menjadikan hidupnya sebuah pengabdian dan penyerahan diri akan tersedia cukup solusi, semakin indah hidupnya, semakin happy kesehariannya.

Saatnya tiba, kebiasaan bercermin bisa menjadikan kita menyadari apa yang sedang terjadi (ya, kadang hanya ‘menyadari’ yang dibutuhkan, sebelum terlambat) dan membawa perubahan-perubahan. Ya gitu deh.

October 06, 2013

BUNGENTUWO



Bungentuwo, jarwo dhosok sing kanggo sebagian wong mungkin malah durung tau krungu, nanging kanggene kula bungentuwo wis kawit cilik sering krungu, malah tumekane saiki uga isih sering takucapke. Sejatini bungentuwo kuwi akronim utawa singkatan yang menjadi sebuah kata tersendiri. Bungentuwo, mlebu kuping tengen metu kuping kiwo.
Nalika kula cilik, yen ibu duka (merga kula mbaleni luput sing padha), banjur ngendika bungentuwo. Maksude wis dingendikani bola-bali kok isih tumindak sing kurang becik, tregese sing dingendikake wong tuwo ora dirungokake utawa ora dieling-eling, mung mleBU kuping teNGEN njur meTU kuping kiWO, bablas ora nyanthel.  Bungentuwo.
Ing kene kula ora arep crita cilikanku, crita iku wis cukup tak critakke nyang anakku wae. Senajan sejatine akeh kedadean ing kala semana sing kanggo sinau. Nanging ana bab wigati sing bisa diothak-athik magepokan karo tembung bungentuwo tumuju kanggo ngudhari kahanan ing jaman saiki. Raketang mung sithik bisaa kanggo nyumerebi kasunyatan kahanan saiki sing tansaya rusak.
Caba wae panjengan gatekake kahanan ing kiwo tengen, kanane negara lan sak piturute. Njenegan othak-athik, dipenggalih sing wening. Jaman wis maju, teknologi informasi uga ura mruwat perkembangane. Informasi bab-bab aturan-aturan, tata cara, lan kawruhing wong urip bisa ditemoni sak nggon-nggon. Buku-buku, lan sumber-sumber infaormasi liyane wis cumepak.
Semono uga, kativitas menungsa ora kuwi ing sesrawungan, ing penggawean, ing tempat-tempat ibadah, ing media massa lan liya-liyane, saben dina ana kabeh lan gampang di temoni. Iki tegese saben dina uga kula lan panjenengan weruh lan krungu bab-bab becik, wujud bacaan, siaran TV, kotbah lan sak piturute.
Saben dina krungu seserepan-serepan, esuk awan sore, mlebu kuping tengen metu kuping kiwa. Bener ora kabeh bablas, nanging yen kita wani jujur, tak kira ora nganti sepuluh persen sing nyanthel, kok sepuluh persen sak persen wae wis apik. Jane manungsa kuwi wis kebangeten.
Yen nyanthel, isih kudu dititi, nyanthel thok mung nambah memori utawa nyanthel banjur munjud ing prilaku. Sebab ing kasunyatan, sak bab wae sing jenenge korupsi wis ngebaki bumi Indonesia. Lha sing nglakoni saben dina krungu informasi endi becik endi ala. Kayane ya beragama, sekolah! Apa tembunge yen ora bungentuwo.
Bungentuwo iku kasuse kabeh menungsa, mung wektu saiki stadiume wis papat, yen penyakit wis kronis. Lha sing wigati sing tak maksud ing ndhuwur, merga bungentuwo iki sing akaeh-akeh ora disadhari ora dirumangsani, ora beda kula panjenengan sami. Nangin nggo ngrumangsani iku sak bab dhewe, sebab krungu karo rumangsa iku beda dimensi.
Nyata bener tetembungan semut di seberang lautan kelihatan gajah di pelupuk mata tidak kelihata, probleme akeh wong sing omong ngono tapi ora menyadhari yen sing omong ya ngalami. Nanging ya kuwi mau krungu karo rumangsa beda dimensi. Mula akeh seserepan sing mung bablas thok, bungentuwo. Kamangka rasa rumangsa kuwi wadhahe seserepan, ben bisa nyanthel banjur bisa ngowahi prilaku manungsa.
Tata lahir manungsa butuh mangan ben waras, ben kupinge krungu. Batin manungsa uga butuh mangan, tembung berkah, supaya bisa ngrumangsani. Dudu akehe seserepan sing dirungokake, ben dina krungu siraman rohani utawa digrujugi malah mung keplepegen, yen batin ora bisa madahi. Ora mung tata lahir, batin uga wajib diopeni.
Mula ngalap berkah iku penting, wujud panyuwunan, ndedonga, utawa disembur dhewe awake. Aja mung mangan sega, becik dikulinakake tumrap batine ya uwur ya sembur. Berkehi dhewe awake dhewe. Didandane awake dhewe-dhewe. Supaya kahanan bisa berubah tansaya dina tandaya apik.
Raketang mung sethithik, bab bungentuwo, coba njenengan penggalih. Mugi kita sami tinebihna saking sambekala, tansah pinaringan berkah Gusti.

September 06, 2012

Rules of life is not regulation.


Perform a real act of love, goodness is measured according to the manners of behavior.
Like to
be a light, not a burden to others; doing just that good, because it will be harvested yourself.
Remember, the
journey of human life is like the water cycle; in order to find the paradise that only you can encounter when you are alive.

March 21, 2012

NYUDA NGAKONI

Bebungah teka rikala rasa bisa gathuk karo kasunyatan, bisa lega nampa kahanan sing diadhepi wektu iki, dina iki. Yen esuk mau, gregah tangi turu miwiti dina kanthi ngrumangsani, njur apa maneh kang luwih pantes kanggo ngadhepi kahanan kang saya dina tansaya rusak.Ngrumangsani kang bakal bisa kanggo nyuda olehe ngakoni apa wae kang wis, lagi lan arep dilakoni. Lakune sakderma, sumeleh utawa dipasrahake, sing lega olehe nampa kahanan. Bisaa nampa berkah bebungah.
Sing nglokro dadi semangat, sedih dadi seneng, lara dadi sehat, seret dadi lancar, kuatir dadi tatag lan sak piturute. Yen rasa banjur bisa ngatasi kahanan, bakal dadi pinaringan berkah lan mukjizat.

The excitement comes when feelings can be matched with reality, can be relieved accepts the current situation facing the situation today. If only this morning, shortly after waking starts with feeling good, then what else is more appropriate to deal with circumstances that are increasingly chaotic. Feel good that will be used to reduce personal recognition for the things done. The journey of life is just undergone, resignation, relief in the receiving state. Can receive the blessings of joy.
A spirit of desperate, sad to be happy, be healthy sick, choked to be smooth, be steadfast and fear others. If feelings can overcome the situation, would be a blessing and a miracle.

m i l i

Wong urip kuwi obah, kayata banyu kang mili, dina-dina tansah ngadhepi perkara-perkara kang gilir gumanti. Embuh kuwi perkara kang nyenengake utawa perkara kang ora nyenengake. Mula kudu padha nduweni dedhasaran kang nganthili lakune dhewe-dhewe, ngengingi perkara-perkara kang lunga teka kaya banyu mili kuwi mau.
Nganggo didhasari keyakinan ing batin, utawa didhasari iman, wong kuwi mlakune, kanggo mbengkas ruwet rentenge uripe lan mbiyantu pepadhane. Keyakinan  iman marang Panjenengane, sebab nang kono sumbere lan kang nduweni  pambengkas kang bisa ngatasi. Supayane ora nganti keli iline perkara-perkara kang lunga teka kuwi mau.
Kahanan kang wis gumelar bisaa dadi pasinaon, yen mumpunine pikir utawa kapinteran tata lahir bisa dadi pepalang kanggone nyandak keyakinane. Iki bab wigati. Sesab yen rumangsane wis bisa dirampungi srana kapinterane pikir banjur ninggal keyakinane utawa mepes imane dhewe. Yen mengkono padha sing ngati-ati olehe mlaku, sak nggon-nggon akeh sandhungan kang ndlungupake.
Ngertia ing semu, ora perlu keminter lan semuci-suci. Kulinaake nglelimbang, pasrahna sanggane urip ana ing entek-entekane dina ya sak durunge mapan turu, lan gembolen imanmu ana ing wiwitane dina. Kanggo sangu mlaku saben dinane, ngayahi kewajiban, gawe pepadhang lan kaenthengan.
Aja lali nglakoni sing wajib kanggo njaga lan mbangun yakine.
…..
‘…nak, njenengan niku dhukar sak jarane, kula sing ngusiri …’

November 08, 2011

makarya lantaran berkah

Tetembungan berkah ora dumunung ing pangucap, nanging ana ing sambung rasa karo Gusti. Sambunge rasa kang nuwuhake rasa ngrerepa mring kawelasan, ya tresna lan bekti. Yen patrape mengkono mesthi bakal pinaringan berkah.
Dene kabungahan kang awujud berkah ora mung dirasakake kanggo awake dhewe, nanging uga kanggo kabungahane wong akeh, luwih-luwih kang lagi nandhang papa lan cintraka, mula kalebu ewoning tumindak kang utama.
Bisaa nganti ngrasakake kanugrahan Gusti sing tanpa kendhat saben dinane, wujud apa wae, patrape rumangsa beja kemayangan dene kepareng ngrungu lan nyumerepi. Nderek mbengkas kasangsarane urip ing donya iki lan mbabar urip utama kang binerkahan ing Gusti.
Katresnan lan bekti marang Gusti iku mujudake pengandel kang wutuh. Ora cukup mung diwujudake ana ing obahe lambe utawa rasa prentuling ati, nanging luwih utama, iki sing wigati, yaiku kababar ing urip padinan kanthi watak, apa kang ditindakake in urip mung lantaran kanggo berkah, Gusti makarya. Ing telengin ati tansah rumangsa, dene Gusti kersa miji awake dhewe minangka lantaran lumebering berkah tumrap pepadha. Tumrap kang lagi nandhang papa, ateges gelem digunakake Gusti kanggo mbiyantu ngenthengake rekasane urip pepadha.
Mula kudu tansah eling yen namung sakdrema minangka lantaran sih Gusti. Supayane tansaya ngrembaka wujud pituduh bab gandrunge manungsa marang Gusti.

February 08, 2011

LEDHEK MUNYUK


(Nuwuhake rasa rumangsa kang wus ditandur dening sesepuh ing murid-muride, gegayuhan tumuju jumbuhe rasa Gusti)
Sawijining dina, nalika obrol-obrolan ing ngisor wit blimbing ana pitakonan putra murid,  apa ta penggawean sing cocok konggone dheweke. Sebab nyatane akeh-akehe wong kuwi ora nyenengi penggaweane, tansaya akeh uga wong kang ora nduweni penggawean. Mengkono wong nyambutgawe kejaba kurang asile uga ora nyenengake, sebab wong kang nyenengi penggaweane lan nglakoni gaweane kanthi rasa tresna, ora wedi karo kesel, thukul eguh pertikele, lan tansah seneng sajroning penggaweane.
Sesepuh kuwi ora mung nresnani penggaweane, ananging uga nglakoni kabeh tinda-tanduk saban dinane kanthi rasa tresna. Ora rowa, ananging mligi tumuju kanggo srana Gusti makaryo, lan dilakoni kanthi seneng uga semangat.
Njur ngopo ledhek munyuk?
Jaman wis maju, malah rekadayane menungsa bisa nyiptaake munyuk (kewan), ananging majune jaman ora ndadekake manungsa kelangan watak/naluri kewane. Sing owah, soyo majune jaman watak lan nalurine sing tambah maju. Ing kene nyethaake yen naluri iku ana bareng karo lahire menungsa.
Digagas tata lahire, kabutuhan kewan lan menungsa ana padhane, kebutuhan dhasar kang ditembungke naluri/watak kewan. Kaping pisan yaiku kebutuhan mangan, mung bedane mentahan lan masakan. Kaping pindho kebutuhan seks. Kaping telu kebutuhan turu utawa ngaso lan kepenak utawa aman. Telu kebutuhan dhasar iki kang sipate naluriah, uga sering tembungke naluri kewan (hewani), telung perkara iki musate ana ing pikir.
Yen menungsa ing urip bebrayan saben dinane isih tumindak mung kanggo nyukupi kebutuhan dhasar utawa naluri hewani, tegese isih kaya kewan. Nyilih bahasa kedokteran, iki kang ditembungke pikirane isih diatur lymbic, yaiku bagian utek sing magepokan karo ngatur hormon lan emosi kebutuhan dhasar. Ananging yen menungsa wis bisa nimbang tumindake, ora mung waton,  tuwuh katresnan, menungsa pantes dijenengke menungsa. Katresan iki ngancik ing naluri kaping papat, dudu pikir utawa dudu nalar, ananging ngancik tataran rasa.
Menungsa urip ing tataran katresnan iki tegese wiwitane tumindak kamanungsan, rasa rumangsane menungsa (sanajan mungkin ora dirumangsani). Katresnan iki kang bisa milah naluri hewani menungsa. Katresnan iki mujude rasa rumangsa manungsa, ya rasa kamanungsan.
Naluri katresnan utawa naluri kaping papat iki kang dadi dhasar munggahe nyandak naluri kaping lima lan sak teruse, yaiku tataran rasa jati utawa rasa Gusti. Tataran kaping lima iki wiwitane menungsa nggayuh jumbuhe rasa Gusti.
Mengkono kasunyatane urip, kaya kewan, tinuntun lymbic menungsa polah kanggo nyukupi kebutahane kang sipate naluriah. Golek pangan, miturut apa perlune. Umpamane macan, mung golek mangsa rikala luwe, dipangan sakcukupe miturut kebutuhane, ananging kudu mangan. Semono uga manungsa dituntun naluri dhasar sing padha, mula ana kalane tega nyilakani sakpadhane. Menungsa ing tataran iki durung pantes dijenengke menungsa, nduweni raga menungsa anganging durung kamanungsan.
Dene ledhek munyuk iso ditemoni ing wilayah-wilayah se Indonesia, malah uga ing manca negara. Ngono munyuke dinggoni kathok jean biru, kaca mata ireng, topi laken, nyangklek tas, njur ngonthel sepeda cilik utawa nggeret grobag cilik. Penampilan digawe kaya menungsa, njur muter-muter sajak bagus dhewe (mungkin pikire wis kaya menungsa), ngimbangi suara kendhang lan keploke penonton.
Nanging naliko ana bocah nguntali kacang, munyuke njur lali perane kaya menungsa kuwi mau, lali penampilane njur cepet-cepet njupuki kacange lan disisil sambi mlaku gembelengan. Naluri asline ora njur berubah senajan wis disangdangi kaya menungsa.
Nggatekake polahe munyuk kuwi mau, bisa kanggo mawasdhiri/instrospeksi apa kita uga mung sandhangan menungsa nanging yen ketemu cecawisan sandhang pangan njur tumindake mung nduruti naluri kaya munyuk, rebutan ninggalake duga kira lan prayoga? Dominasi lymbic utawa pikir wis kudu di geser diganti dominasi rasa, menungsa wis kudune nduweni kesadaran rasa, supayane dudu naluri kewan kang dominan saben-saben kita ngayahi penggawean kanggo nyukupi kebutuhan.
Yen digatekake isih akeh wong kang nduweni kewajiban ing wilayah-wilayahe, uga kang nyekel panguasa, kang isih dikuasani lymbic. Kang kudune bisa dadi panutan, ananging ora rumangsa ketemu ora rumangsa, naluri kewan ketemu naluri kewan, gawene ngapusi, ya ngapusi awake/rasane dhewe lan ngapusi sakpadhane.
Kusasane lymbic utawa pikir iku kang ndadekake menungsa tansah kuatir, pikire terancam, uripe ora bisa anteng, nyebabake nyebar keruhe kahanan ing ngendi-endi. Yen bisa ucul saka kuasane pikir iki ndadekake menungsa bisa nyumerebi endi apik endi ala tumrap awake dhewe lan tumrap negarane.
Nyatane, gebyare alam donya nyebabake menungsa kelangan jati dhirine. Ruwet rentenge urip lan gawene menungsa tansaya ngadohake rasane menungsa. Mengkono nggayuh jumbuhing rasa bakal dadi perjuangan sak lawase urip.
Nguculi kuasane pikir iki nyatane ora segampang omongan. Amarga pikire menungsa mulur, miturut undhuhan urip sak durunge utawa undhuhan wohing pakarti, miturut kahanan ing urip sing saiki lan miturut thukule panjangkane. Kuasane pikir kuwi mau dadi bluwen kanggone urip menungsa, kang ditembungke menungsa kelangan kamerdikane.
Tembung nguculi kuasane pikir iku mau kang tegese ngalahake egone, supaya bisa nyandhak tataran rasa rumangsa, utawa nduweni kesadaran katresnan.  Rasa tresna menungsa bakal nuwuhake tataran kesadaran kaping lima yaiku tataran kesadaran bekti, kang dadi wiwitane njumbuhake rasa Gusti ing dhiri menungsa. Nyandhake tataran kesadaran tresna lan bekti, bakal nuntun naluri menungsa, nuntun anggone ngayahi kewajiban supayane ora mung kaya naluri kewan, nanging minangka laku tresna lan bekti.
Yen menungsa bisa nyandak gegayuhane nganti tataran kesadaran rasa tresna lan rasa bekti, bakal nyumerebi yen apa wae kan ditindakake ing urip saben dinane ora liya mung sakderma nglakoni. Tegese nyandak ing kesadaran kaping nem, kesadaran rasa Gusti makarya. Ing kene ego lan pamrih bribadi lebur dening rasa pasrah, menungsa masrahake urip lan penguripane marang Gusti. Rasa jatine nuntun tumindake, ketemu jati dhirine, tansaya jumbuh rasa Gustine. Tansaya jelas bedane kewan lan menungsa, menungsa lan Sesepuhe. Tansaya jelas dununge tumindak kang mung nduruti naluri utawa egone dhewe.
Kesadaran kaping nem iki bakal mujudake kepasrahan kang mligi rasa rumangsa kang dirumangsani, jumbuhe rasa Gusti ing rasane menungsa, nyandak ing tataran kesadaran kaping pitu, ya kesadaran rasa manunggal. Manunggaling kawula Gusti. Tataran kang mung ana rasa endah.
Dibutuhake tekad sing kuat, wani lan gelem ndandani uripe, wani lan gelem berubah ora mung kaya sing wis dilakoni. Babat alang-alang kang thukul ngrenbaka bareng karo kuasane naluri hewani ing uripe menungsa, supayane kang tuwuh tanduran rasa rumangsa kang wis ditandur dening Sesepuhe.
Instrospeksi, apa wis pantes dijenengke MENUNGSA, apa isih kaya LEDHEK MUNYUK.

December 12, 2010

SESEREPAN (6)

Dalane wong urip.

Dalane wong urip, dudu dalane wong mati. Nyumerebi dalane wong urip raket supeket karo nyumerebi sangkan parane dumadi,  ya nyumerebi asal-usule urip, ya asal-usule wong urip. Tegese kudu ngerti apa sing ditembungke dalane wong urip lan kudu ngerti dununge sangkan parane dumadi.

Menungsa urip ing alam donya utawa lahir ing alam donya, ateges tata lahire urip merga anane sesepuh bapa biyung.

Menungsa kang tata lahire urip nduweni roh langgeng menungsa utawa rasa, kawit ana ing kandungan utawa batine urip, ateges manjalma, amarga tumetese wahyu urip wujud tumurune wahyu roh langgeng menungsa ana ing jabang bayi, kang sumbere sesepuh roh langgeng.

Menungsa kang tata lahire urip utawa badan wadage urip lan nduweni roh langgeng menungsa, iku kang ditembungke wong urip. Ing kene rasa langgeng menungsa, urip lan genep, yen jumbuh karo rasa sesepuh langgenge. Jumbuhe rasa langgeng iki amarga anane sesepuh bapa guru kang njumbuhake rasa langgeng iku mau.

Sesepuh langgeng, sesepuh bapa guru lan sesepuh bapa biyung kanggone menungsa teges sangkan lan parane dumadi, gumolong karo sangkan lan parane tresna lan bekti. Laku tresna lan bekti tumuju marang sesepuhe iku mau kang ditembungke ngerti sangkan parane dumadi.

Laku tresna lan bekti kasebut ing ndhuwur tegese dalane wong urip, dalan tumuju marang sesepuhe, ya sangkane lan parane dumadine menungsa.

Ditembungke dudu dalane wong mati amarga laku tresna lan bekti iku lakune wong urip, laku kang ora bisa ditindakake dening wong mati. Semono uga laku tresna lan bekti bisane tumuju marang sesepuhe kang urip, sing ditresnani lan dibekteni iku ya kudu urip.

Ringkese, sangkan parane dumadi iku dalane wong urip, wujud laku tresna lan bekti.

October 17, 2010

SESEREPAN (4)

Kesanggupan ...
Bab kesanggupan, ngemu teges dasar tekad utawa niat sing kuat, penting kanggo ndasari gegayuhan laku utama srana jumbuhe rasa Gusti. Kesanggupan ngowahi awake dewe kang ditembungke dandan, lan kesanggupan ngakoni sangkan parane dumadi sak lawase urip. Yen durung bisa nanting awake dewe supayane saguh dandan, ya bakal kengelan lan kabotan olehe nglakoni, sebab urip iku ora segampang diomongke.
Saguh dandan. Ya kudu mangerteni karepe dandan, ngowahi sing ala lan sing luput tumuju marang kautaman, tembung panebusing dosa. Dandan iku mau ya kebutuhane dewe, mula kudu bisa dilakoni kanthi seneng. Nanging yen ora mangerteni apa lupute, apa kurange utawa apa dosane, ora bakal nduwe eguh dandan, wong ora ngrumangsani. Kanthi ngrumangsani iku mau, didasari tekad sing kuat, saguh ngowahi awake dewe, dandan nggayuh kautaman.
Saguh ngakoni sangkan parane dumadi. Semuno uga kudu mengertini endi sangkan parane dumadi, ya sesepuhe dewe, sesepuh lahir lan batin. Ngerti sangkan parane dumadi ditembungke ngerti dalane urip, dadi olehe ngakoni yo sak lawase urip. Ngakoni ing kene ngemu teges yakin utawa iman. Ing kene jelas yen kita kudu saguh kanthi dasar tekad sing kuat kanggo ngopeni dalan uripe dewe.
Bab kesanggupan iki ringkese, saguh ngowahi ya saguh dandan, saguh ngakoni ya ngimani sebab iman iku 'segala-galanya'

November 06, 2009

SESEREPAN (3)

reresik awak ...
sakwise mangerteni bab endi apik endi ala, apa pitukon lan pikolehe wong urip kang nggayuh kautaman, kita kudune nampa berkah kesadaran kanggo ngresiki awak seka regeding urip.
Yen klambi reged diresiki nganggo detergen, yen regeding urip tembung panebusing dosa. Berkah iki kawujudake laku prihatin ing wayah2 tumurune wahyu urip lan panguripan, minangka wujud syukur tumurune wahyu kasebut. Ya jumedule wahyu urip tata lahir, ya jumedule wahyu Gusti, ya jumedule wahyu nasib panguripan. Kanggone ndandani nasib, ngundakke panguripane lan ngisi rasa Gusti, tembung panebusing dosa mau tumrap ing awake dewe-dewe.
Laku prihatin ing wayah2 kasebut, disranani ora mangan, ora ngombe, ora udut, dicocokake wektune. Sing paling penting rasane, ora ana rasa-rasa sing ala utawa negatif. Laku prihatin sing dhisik dewe iki kang ditembungke kanggo njumbuhke rasa Gusti ana ing awake dewe. Ya supayane kita layak nampa andhapan rasa Gusti.

October 30, 2009

SESEREPAN (2)

Pitukon lan pikoleh ...
Pitukon, Siji ora gawe pepati, kudu nyingkiri sifat drengki srei panasten nista ...
Loro ora gawe tuna lan rugune liyan, ora colong jupuk, korupsi, nggedor, ngecu lan sak piturute, uga ora golek banda srana prewangan ...
Telu ora nerak aturane negara, ora ngrusak negarane utawa ora nerak pancasila ...
Yen aturane negara kudu ditepati, yen aturane golongan wenang milih, nyatane ana sing apik ana sing ala, milih sing migunani tumprap awakke dhewe munggah tumrap negarane ...
Pikoleh, Siji slamet lahir batin, slamet seko pengaruh ala gebyare ndonya lan alam alus, ora mempan utawa ora bakal ketaman cilaka lahir batine, lakune tansah slamet ...
Loro sekti lahir batin, bisa ditembungke ampuh lahir lan batin, amarga bisa tetamba, bisa dadi pepadang lan bisa ngentengake bebane liyan ...
Telu waspada, tansah tanggap marang kahanan, mangerteni apa kang kudu ditindakake, urip eguhe, landep panca indrane lan rasa pangrasane ...
Papat pinter, bisa ditembungke pinter merga bisa awakke kena ditakoni, manjing ing rasane ...
Lima pati sempurna, ya entuk urip langgeng, ya urip surup ndadari. Pati sempurna iki bisa den rasakake yen wis tuwo, nyatane anak murid dijangka matine yen wis padha jompo ...
wewarah pitukon lan pikoleh iki nyata kanggo mangerteni endi apik endi ala lan apa entuk-entukane, kanggo nglampiri reresik awak seka regeding urip ...

SESEREPAN (1)

Meguruo ...
Sak durunge kita dadi anak murid dhisik dhewe mestine ya njaluk dadi anak murid, ya teka karepe dhewe, ora kapeksa. Kanthi sadar nduweni kekarepan melu meguru, kekarepan nduweni laku sing apik.
Kekarepan iki kudu dilandasi niat utawa tekad sing kuat, amarga mengko ing tembe mburine yen ora dilandasi tekad sing kuat ora bakal bisa nglakoni dadi anak murid, utawa kangelan olehe nggayuh kautaman.
tekad sing kuat iki kudu nganti bisa ngalahake egone dhewe, ben bisa laku utama kanthi tepat, ora nduruti karepe dhewe, ora nduruti egone dhewe, ora nduruti benere dhewe.
Sak banjure njaluk dadi anak murid, sing mestine ya nyang salah sawijine bapa guru, kita bakal nampa wewarah bab pitukon lan pikoleh srana dadine anak murid.
Wewarah bab pitukon lan pikoleh iki sing ditembungke supayane mangerteni endi apik endi ala, ben ngerti apa sirikane dadi anak murid, uga apa entuk-entukane.
Pitukone yen dadi anak murid sing arep nggayuh kautaman yaiku, ora kena gawe pepati, ora kena gawe tuna lan rugine liyan lan ora kena nerak aturane negara.
Pikolehe sing dhisik dewe slamet, mesthi. Jangkepe ya slamet, ya sekti, waspada, pinter lan patine sempurna ..