Tetembungan berkah ora dumunung ing pangucap, nanging ana ing sambung rasa karo Gusti. Sambunge rasa kang nuwuhake rasa ngrerepa mring kawelasan, ya tresna lan bekti. Yen patrape mengkono mesthi bakal pinaringan berkah.
Dene kabungahan kang awujud berkah ora mung dirasakake kanggo awake dhewe, nanging uga kanggo kabungahane wong akeh, luwih-luwih kang lagi nandhang papa lan cintraka, mula kalebu ewoning tumindak kang utama.
Bisaa nganti ngrasakake kanugrahan Gusti sing tanpa kendhat saben dinane, wujud apa wae, patrape rumangsa beja kemayangan dene kepareng ngrungu lan nyumerepi. Nderek mbengkas kasangsarane urip ing donya iki lan mbabar urip utama kang binerkahan ing Gusti.
Katresnan lan bekti marang Gusti iku mujudake pengandel kang wutuh. Ora cukup mung diwujudake ana ing obahe lambe utawa rasa prentuling ati, nanging luwih utama, iki sing wigati, yaiku kababar ing urip padinan kanthi watak, apa kang ditindakake in urip mung lantaran kanggo berkah, Gusti makarya. Ing telengin ati tansah rumangsa, dene Gusti kersa miji awake dhewe minangka lantaran lumebering berkah tumrap pepadha. Tumrap kang lagi nandhang papa, ateges gelem digunakake Gusti kanggo mbiyantu ngenthengake rekasane urip pepadha.
Mula kudu tansah eling yen namung sakdrema minangka lantaran sih Gusti. Supayane tansaya ngrembaka wujud pituduh bab gandrunge manungsa marang Gusti.
No comments:
Post a Comment
bebas berkomentar, berkomentar bebas ....