November 06, 2009

SESEREPAN (3)

reresik awak ...
sakwise mangerteni bab endi apik endi ala, apa pitukon lan pikolehe wong urip kang nggayuh kautaman, kita kudune nampa berkah kesadaran kanggo ngresiki awak seka regeding urip.
Yen klambi reged diresiki nganggo detergen, yen regeding urip tembung panebusing dosa. Berkah iki kawujudake laku prihatin ing wayah2 tumurune wahyu urip lan panguripan, minangka wujud syukur tumurune wahyu kasebut. Ya jumedule wahyu urip tata lahir, ya jumedule wahyu Gusti, ya jumedule wahyu nasib panguripan. Kanggone ndandani nasib, ngundakke panguripane lan ngisi rasa Gusti, tembung panebusing dosa mau tumrap ing awake dewe-dewe.
Laku prihatin ing wayah2 kasebut, disranani ora mangan, ora ngombe, ora udut, dicocokake wektune. Sing paling penting rasane, ora ana rasa-rasa sing ala utawa negatif. Laku prihatin sing dhisik dewe iki kang ditembungke kanggo njumbuhke rasa Gusti ana ing awake dewe. Ya supayane kita layak nampa andhapan rasa Gusti.

No comments:

Post a Comment

bebas berkomentar, berkomentar bebas ....