February 08, 2011

LEDHEK MUNYUK


(Nuwuhake rasa rumangsa kang wus ditandur dening sesepuh ing murid-muride, gegayuhan tumuju jumbuhe rasa Gusti)
Sawijining dina, nalika obrol-obrolan ing ngisor wit blimbing ana pitakonan putra murid,  apa ta penggawean sing cocok konggone dheweke. Sebab nyatane akeh-akehe wong kuwi ora nyenengi penggaweane, tansaya akeh uga wong kang ora nduweni penggawean. Mengkono wong nyambutgawe kejaba kurang asile uga ora nyenengake, sebab wong kang nyenengi penggaweane lan nglakoni gaweane kanthi rasa tresna, ora wedi karo kesel, thukul eguh pertikele, lan tansah seneng sajroning penggaweane.
Sesepuh kuwi ora mung nresnani penggaweane, ananging uga nglakoni kabeh tinda-tanduk saban dinane kanthi rasa tresna. Ora rowa, ananging mligi tumuju kanggo srana Gusti makaryo, lan dilakoni kanthi seneng uga semangat.
Njur ngopo ledhek munyuk?
Jaman wis maju, malah rekadayane menungsa bisa nyiptaake munyuk (kewan), ananging majune jaman ora ndadekake manungsa kelangan watak/naluri kewane. Sing owah, soyo majune jaman watak lan nalurine sing tambah maju. Ing kene nyethaake yen naluri iku ana bareng karo lahire menungsa.
Digagas tata lahire, kabutuhan kewan lan menungsa ana padhane, kebutuhan dhasar kang ditembungke naluri/watak kewan. Kaping pisan yaiku kebutuhan mangan, mung bedane mentahan lan masakan. Kaping pindho kebutuhan seks. Kaping telu kebutuhan turu utawa ngaso lan kepenak utawa aman. Telu kebutuhan dhasar iki kang sipate naluriah, uga sering tembungke naluri kewan (hewani), telung perkara iki musate ana ing pikir.
Yen menungsa ing urip bebrayan saben dinane isih tumindak mung kanggo nyukupi kebutuhan dhasar utawa naluri hewani, tegese isih kaya kewan. Nyilih bahasa kedokteran, iki kang ditembungke pikirane isih diatur lymbic, yaiku bagian utek sing magepokan karo ngatur hormon lan emosi kebutuhan dhasar. Ananging yen menungsa wis bisa nimbang tumindake, ora mung waton,  tuwuh katresnan, menungsa pantes dijenengke menungsa. Katresan iki ngancik ing naluri kaping papat, dudu pikir utawa dudu nalar, ananging ngancik tataran rasa.
Menungsa urip ing tataran katresnan iki tegese wiwitane tumindak kamanungsan, rasa rumangsane menungsa (sanajan mungkin ora dirumangsani). Katresnan iki kang bisa milah naluri hewani menungsa. Katresnan iki mujude rasa rumangsa manungsa, ya rasa kamanungsan.
Naluri katresnan utawa naluri kaping papat iki kang dadi dhasar munggahe nyandak naluri kaping lima lan sak teruse, yaiku tataran rasa jati utawa rasa Gusti. Tataran kaping lima iki wiwitane menungsa nggayuh jumbuhe rasa Gusti.
Mengkono kasunyatane urip, kaya kewan, tinuntun lymbic menungsa polah kanggo nyukupi kebutahane kang sipate naluriah. Golek pangan, miturut apa perlune. Umpamane macan, mung golek mangsa rikala luwe, dipangan sakcukupe miturut kebutuhane, ananging kudu mangan. Semono uga manungsa dituntun naluri dhasar sing padha, mula ana kalane tega nyilakani sakpadhane. Menungsa ing tataran iki durung pantes dijenengke menungsa, nduweni raga menungsa anganging durung kamanungsan.
Dene ledhek munyuk iso ditemoni ing wilayah-wilayah se Indonesia, malah uga ing manca negara. Ngono munyuke dinggoni kathok jean biru, kaca mata ireng, topi laken, nyangklek tas, njur ngonthel sepeda cilik utawa nggeret grobag cilik. Penampilan digawe kaya menungsa, njur muter-muter sajak bagus dhewe (mungkin pikire wis kaya menungsa), ngimbangi suara kendhang lan keploke penonton.
Nanging naliko ana bocah nguntali kacang, munyuke njur lali perane kaya menungsa kuwi mau, lali penampilane njur cepet-cepet njupuki kacange lan disisil sambi mlaku gembelengan. Naluri asline ora njur berubah senajan wis disangdangi kaya menungsa.
Nggatekake polahe munyuk kuwi mau, bisa kanggo mawasdhiri/instrospeksi apa kita uga mung sandhangan menungsa nanging yen ketemu cecawisan sandhang pangan njur tumindake mung nduruti naluri kaya munyuk, rebutan ninggalake duga kira lan prayoga? Dominasi lymbic utawa pikir wis kudu di geser diganti dominasi rasa, menungsa wis kudune nduweni kesadaran rasa, supayane dudu naluri kewan kang dominan saben-saben kita ngayahi penggawean kanggo nyukupi kebutuhan.
Yen digatekake isih akeh wong kang nduweni kewajiban ing wilayah-wilayahe, uga kang nyekel panguasa, kang isih dikuasani lymbic. Kang kudune bisa dadi panutan, ananging ora rumangsa ketemu ora rumangsa, naluri kewan ketemu naluri kewan, gawene ngapusi, ya ngapusi awake/rasane dhewe lan ngapusi sakpadhane.
Kusasane lymbic utawa pikir iku kang ndadekake menungsa tansah kuatir, pikire terancam, uripe ora bisa anteng, nyebabake nyebar keruhe kahanan ing ngendi-endi. Yen bisa ucul saka kuasane pikir iki ndadekake menungsa bisa nyumerebi endi apik endi ala tumrap awake dhewe lan tumrap negarane.
Nyatane, gebyare alam donya nyebabake menungsa kelangan jati dhirine. Ruwet rentenge urip lan gawene menungsa tansaya ngadohake rasane menungsa. Mengkono nggayuh jumbuhing rasa bakal dadi perjuangan sak lawase urip.
Nguculi kuasane pikir iki nyatane ora segampang omongan. Amarga pikire menungsa mulur, miturut undhuhan urip sak durunge utawa undhuhan wohing pakarti, miturut kahanan ing urip sing saiki lan miturut thukule panjangkane. Kuasane pikir kuwi mau dadi bluwen kanggone urip menungsa, kang ditembungke menungsa kelangan kamerdikane.
Tembung nguculi kuasane pikir iku mau kang tegese ngalahake egone, supaya bisa nyandhak tataran rasa rumangsa, utawa nduweni kesadaran katresnan.  Rasa tresna menungsa bakal nuwuhake tataran kesadaran kaping lima yaiku tataran kesadaran bekti, kang dadi wiwitane njumbuhake rasa Gusti ing dhiri menungsa. Nyandhake tataran kesadaran tresna lan bekti, bakal nuntun naluri menungsa, nuntun anggone ngayahi kewajiban supayane ora mung kaya naluri kewan, nanging minangka laku tresna lan bekti.
Yen menungsa bisa nyandak gegayuhane nganti tataran kesadaran rasa tresna lan rasa bekti, bakal nyumerebi yen apa wae kan ditindakake ing urip saben dinane ora liya mung sakderma nglakoni. Tegese nyandak ing kesadaran kaping nem, kesadaran rasa Gusti makarya. Ing kene ego lan pamrih bribadi lebur dening rasa pasrah, menungsa masrahake urip lan penguripane marang Gusti. Rasa jatine nuntun tumindake, ketemu jati dhirine, tansaya jumbuh rasa Gustine. Tansaya jelas bedane kewan lan menungsa, menungsa lan Sesepuhe. Tansaya jelas dununge tumindak kang mung nduruti naluri utawa egone dhewe.
Kesadaran kaping nem iki bakal mujudake kepasrahan kang mligi rasa rumangsa kang dirumangsani, jumbuhe rasa Gusti ing rasane menungsa, nyandak ing tataran kesadaran kaping pitu, ya kesadaran rasa manunggal. Manunggaling kawula Gusti. Tataran kang mung ana rasa endah.
Dibutuhake tekad sing kuat, wani lan gelem ndandani uripe, wani lan gelem berubah ora mung kaya sing wis dilakoni. Babat alang-alang kang thukul ngrenbaka bareng karo kuasane naluri hewani ing uripe menungsa, supayane kang tuwuh tanduran rasa rumangsa kang wis ditandur dening Sesepuhe.
Instrospeksi, apa wis pantes dijenengke MENUNGSA, apa isih kaya LEDHEK MUNYUK.

No comments:

Post a Comment

bebas berkomentar, berkomentar bebas ....