(resolution of concerns)
Nyilih tetembungan (bhs Ind.) ‘rumput tetangga lebih hijau’ kang biasane luwih kerep dipahami ngemu teges kang ala ketimbang teges kang apik, gandheng karo watake menungsa kang gampang iri lan sujono. Mengkono gambarane kahanan urip menungsa ing jaman saiki, desa mawa cara negara mawa tata ora dipaelu. Ngendi nggon ketemu rusaking jaman, rusak menungsane uga rusak lingkungane.
Ananging tetembungan suket tanggane luwih ijo kuwi mau uga ngeme teges kang apik, yen digagas apike, bisa dadi panggunggah konggone kita ngelingi kahanan rusak mau. Dadi panggugah kang bakal nyurung tumindak kita ing saben dinane, yaiku timindak kang migunani dudu tumindak kang tansah gawe keruhing kahanan.
Kahanan dijangka apik ora tiba saka langit, nanging kita kudu ikhtiar mbudidaya, amarga srana ikhtiar iku kita bakal nemu gegayuhane. Kahanan jaman rusak wis kudune bisa nyadarake kita, dene kita uga kudu melu urun rembug lan tenaga. Suket tanggane sing luwih ijo bisaa dadi panggugah lan panyurunge.
Ngelingi rusake jaman ngemu teges sing rusak menungsane lan uga lingkungane, mula loro-lorone kudu didandani, ora mung menungsane lan ora mung lingkungane. Yen didandani lingkungane thok, wancine tekan ya mung dirusak maneh, tegese ora bisa dinyang kudu loro-lorone kang didandani.
Gegayuhan ndandani kahanan kang rusak kuwi mau nyatane ora gampang, ora segampang omongan nanging ora ana pilihan liya kejaba kudu dandan. Mula supayane ikhtiar iki bisa ditindakake, apik nganggo cara sing ringkes lan sederhana. Diwiwiti saka lingkungan sing paling cilik, seka awake dhewe-dhewe lan linkungane dhewe-dhewe, embuh kuwi lingkungan omah utawa lingkungan penggawean.
Sing yakin, didhasari tekad sing kuat, dilakoni kanthi seneng kebak ing katresnan, njangka kahanan kang luwih apik. Tegese ya kudu gelem ndandani awake dhewe lan lingkungane, ditingkatake tumindake ojo mung kaya sing wis dilakoni.
Tegese kudu ditindakake, dijangkah. Suket tanggane luwih ijo dadi panggugah lan panyurung, srana gotong-royong nenandur, reresik lan ngirit. Langkah cilik iki bisa kanggo miwiti melu urun ndandani kahanan.
Nenandur, reresik lan ngirit bisa kanggo ndandani rusake lingkungan.
Gotong-royong bisa kanggo ndandani rusake menungsunane.
Nenandur, reresik lan ngirit yen dijlentrehake bisa wujud werna-werna tumindak kang bisa, malah gampang, dilakoni ing urip saben dina. Ora usah sing angel lan sing abot, dipilih sing paling mungkin dilakoni.
Tembung nenandur, ngemu teges nandur lan ngopeni tandurane. Nandur tanduran ing kiwo tengene omah, ing latar utama ing pot-pot. Ditanduri, dibedhuli alang-alange, didhangir lan dirabuk nganggo rabuk sing ramah lingkungan, diresiki yen ana hamane. Tegese ngenthengke langkah manfaatake nggon-nggon sela nambah tanduran. Tambah rong uwit wae sak omah yen sejuta omah wis rongjuta uwit anyar kang ditandur.
Ojo trima yen tanduran tanggane luwih ijo, tandurane dhewe ya kudu bisa ijo. Nduwe tanduran lan thukul subur, tegese diopeni, supanyane bisa ngurangi panas lan polusi. Pakulinan nenandur iki uga bisa dadi rabuk tuwuhe rasa sabar lan ketekunan, ngurangi watak mutungan lang gampang nglokro, penting kanggo ndhasari gegayuhan.
Tembung reresik ngemu teges nggulawentah resiking papan lan uwuhe utawa sampahe. Nggon kang resik kejaba endah disawang uga sehat, umpamane selokan yen resik ora dadi sarange penyakit lan ngurangi penyebab banjir . Dene uwuh uga dipilah miturut ramah lan orane karo lingkungan, dibuang ing panggonan sing bener, utawa bisa dolah dadi rabuk.
Ojo trima yen latare lan slokane tangga luwih resik, nggone dhewe uga kudu rajin diresiki. Nggon yen resik, penak disawang, endah, lan sehat, bebane pencemaran lingkungan ya mesthi kurang. Pakulinan reresik iki bisa uga dadi rabuk tuwuhe rasa katresnan marang kesehatan lan endahing kahanan.
Tembung ngirit, ngemu teges ngurangi boros, panganggo sak perlune cukup wae. Ngirit banyu bisa, ngirit listrik bisa, ngirit bensin bisa, ngirit plastik uga bisa. Sederhana wae, nutup kran banyu yen wis cukup, mateni lampu sing ora perlu, ngurangi ademe suhu AC, ora usah kesuwen manasi mesin kendaraan, ngurangi sampah plastik lan sak piturute. Akeh kang bisa ditindakake, supaya bebane lingkungan ora tansaya abot. Apik yen dadi pakulinan, ora kok sithik-sithik ganti peralatan elektronik lan ugal-ugalan ngonsumsi energi. Dinalar ringkes wae umpamane yen sak omah ngurangi 10 watt wae, sejuta omah wis ngirit 10 juta watt.
Ojo trima yen tanggane luwih ora boros, awake dhewe ya kudu bisa ngirit. Pakulinan urip ora boros iki bisa kanggo rabuk tuwuhe rasa gemi lan tepa slira, ngurangi srakah lan tega ngrugekake liyan.
Dene gotong-royong, uga ngemu teges werna-werna. Teges kekeluargaan, guyup rukun, tepa slira, weweh, toleransi, makaryo bebarengan, lan sak piturute. Srana gotong-royong bisa kanggo wadah melu urun, ana urun rembug, ana urun tenaga, ana urun duit, ana urun peralatan kerja, ana urun konsumsi, miturut kahanane dhewe-dhewe. Bisa kanggo ngasah rasa perduli. Nyatane gawean bisa luwih entheng, luwih cepet lan luwih gampang yen disengkuyung bebarengan.
Ojo trima yen tanggane luwih guyup rukun, awake dhewe ya kudu guyup rukun. Semono uga yen RT sebelah gotong-royonge apik, bisaa dadi panggugah kanggo nguripke gotong royong ing lingkungan RTne dhewe-dhewe. Kebiasaan gotong-royong iki bisa kanggo rabuk tuwuhe rasa perduli karo lingkungan lan sapadhane.
Mengkono uga srana kegiatan sederhana ing lingkungan sing paling cilik kuwi mau uga bisa ngejak utawa nglibatake anak, sanajan sithik ana kang ditularake. Anak-anak kita sing bakal marisi kahanan sing ditinggalake wong tuane. Mula sinau perduli lingkungan wiwit isih bocah iku penting.
Kabeh kuwi mau, coba di timbang-timbang, apa bisa dilakoni, apa gelem olehe nglakoni, apa migunani lan sak piturute. Di sumerebi yen kabeh kuwi uga dadi tanggung jawab kita, menungsa kang pinaringan cecawisan lingkungan kanggo kita manggon. Tegese kita uga wajib njaga.
Panjangkane, kawiwitan saka awake dhewe-dhewe, ing likungane dhewe-dhewe, kita bisa melu urun rembug lan urun tenaga sanajan mung sithik kanggo bebarengan nyengkuyung pembangunan. Ngenthengake bebane negara, ora mung ngabot-aboti ngaliyan, oja nganti kok urip ora uwur ora sembur.
Ayo padha gumregah, gumregah sak kabehe, ya gumregah lahir lan batine. Supaya adil makmur cita-citane bangsa lan negara ora mung entek ing cita-cita thok.
nice blog
ReplyDeletethank you, dea
ReplyDeleteArtikel Menarik. Hatur nuhun :)
ReplyDelete