October 30, 2009

SESEREPAN (2)

Pitukon lan pikoleh ...
Pitukon, Siji ora gawe pepati, kudu nyingkiri sifat drengki srei panasten nista ...
Loro ora gawe tuna lan rugune liyan, ora colong jupuk, korupsi, nggedor, ngecu lan sak piturute, uga ora golek banda srana prewangan ...
Telu ora nerak aturane negara, ora ngrusak negarane utawa ora nerak pancasila ...
Yen aturane negara kudu ditepati, yen aturane golongan wenang milih, nyatane ana sing apik ana sing ala, milih sing migunani tumprap awakke dhewe munggah tumrap negarane ...
Pikoleh, Siji slamet lahir batin, slamet seko pengaruh ala gebyare ndonya lan alam alus, ora mempan utawa ora bakal ketaman cilaka lahir batine, lakune tansah slamet ...
Loro sekti lahir batin, bisa ditembungke ampuh lahir lan batin, amarga bisa tetamba, bisa dadi pepadang lan bisa ngentengake bebane liyan ...
Telu waspada, tansah tanggap marang kahanan, mangerteni apa kang kudu ditindakake, urip eguhe, landep panca indrane lan rasa pangrasane ...
Papat pinter, bisa ditembungke pinter merga bisa awakke kena ditakoni, manjing ing rasane ...
Lima pati sempurna, ya entuk urip langgeng, ya urip surup ndadari. Pati sempurna iki bisa den rasakake yen wis tuwo, nyatane anak murid dijangka matine yen wis padha jompo ...
wewarah pitukon lan pikoleh iki nyata kanggo mangerteni endi apik endi ala lan apa entuk-entukane, kanggo nglampiri reresik awak seka regeding urip ...

No comments:

Post a Comment

bebas berkomentar, berkomentar bebas ....