October 30, 2009

SESEREPAN (1)

Meguruo ...
Sak durunge kita dadi anak murid dhisik dhewe mestine ya njaluk dadi anak murid, ya teka karepe dhewe, ora kapeksa. Kanthi sadar nduweni kekarepan melu meguru, kekarepan nduweni laku sing apik.
Kekarepan iki kudu dilandasi niat utawa tekad sing kuat, amarga mengko ing tembe mburine yen ora dilandasi tekad sing kuat ora bakal bisa nglakoni dadi anak murid, utawa kangelan olehe nggayuh kautaman.
tekad sing kuat iki kudu nganti bisa ngalahake egone dhewe, ben bisa laku utama kanthi tepat, ora nduruti karepe dhewe, ora nduruti egone dhewe, ora nduruti benere dhewe.
Sak banjure njaluk dadi anak murid, sing mestine ya nyang salah sawijine bapa guru, kita bakal nampa wewarah bab pitukon lan pikoleh srana dadine anak murid.
Wewarah bab pitukon lan pikoleh iki sing ditembungke supayane mangerteni endi apik endi ala, ben ngerti apa sirikane dadi anak murid, uga apa entuk-entukane.
Pitukone yen dadi anak murid sing arep nggayuh kautaman yaiku, ora kena gawe pepati, ora kena gawe tuna lan rugine liyan lan ora kena nerak aturane negara.
Pikolehe sing dhisik dewe slamet, mesthi. Jangkepe ya slamet, ya sekti, waspada, pinter lan patine sempurna ..

No comments:

Post a Comment

bebas berkomentar, berkomentar bebas ....