Bungentuwo, jarwo dhosok sing
kanggo sebagian wong mungkin malah durung tau krungu, nanging kanggene kula
bungentuwo wis kawit cilik sering krungu, malah tumekane saiki uga isih sering
takucapke. Sejatini bungentuwo kuwi akronim
utawa singkatan yang menjadi sebuah kata
tersendiri. Bungentuwo, mlebu
kuping tengen metu kuping kiwo.
Nalika kula cilik, yen ibu duka
(merga kula mbaleni luput sing padha), banjur ngendika bungentuwo. Maksude wis
dingendikani bola-bali kok isih tumindak sing kurang becik, tregese sing
dingendikake wong tuwo ora dirungokake utawa ora dieling-eling, mung mleBU kuping teNGEN njur meTU kuping kiWO, bablas ora nyanthel. Bungentuwo.
Ing kene kula ora arep crita
cilikanku, crita iku wis cukup tak critakke nyang anakku wae. Senajan sejatine
akeh kedadean ing kala semana sing kanggo sinau. Nanging ana bab wigati sing
bisa diothak-athik magepokan karo tembung bungentuwo tumuju kanggo ngudhari
kahanan ing jaman saiki. Raketang mung sithik bisaa kanggo nyumerebi kasunyatan
kahanan saiki sing tansaya rusak.
Caba wae panjengan gatekake
kahanan ing kiwo tengen, kanane negara lan sak piturute. Njenegan othak-athik,
dipenggalih sing wening. Jaman wis maju, teknologi informasi uga ura mruwat perkembangane.
Informasi bab-bab aturan-aturan, tata cara, lan kawruhing wong urip bisa
ditemoni sak nggon-nggon. Buku-buku, lan sumber-sumber infaormasi liyane wis
cumepak.
Semono uga, kativitas menungsa
ora kuwi ing sesrawungan, ing penggawean, ing tempat-tempat ibadah, ing media
massa lan liya-liyane, saben dina ana kabeh lan gampang di temoni. Iki tegese
saben dina uga kula lan panjenengan weruh lan krungu bab-bab becik, wujud
bacaan, siaran TV, kotbah lan sak piturute.
Saben dina krungu
seserepan-serepan, esuk awan sore, mlebu kuping tengen metu kuping kiwa. Bener
ora kabeh bablas, nanging yen kita wani jujur, tak kira ora nganti sepuluh
persen sing nyanthel, kok sepuluh persen sak persen wae wis apik. Jane manungsa
kuwi wis kebangeten.
Yen nyanthel, isih kudu dititi,
nyanthel thok mung nambah memori utawa nyanthel banjur munjud ing prilaku. Sebab
ing kasunyatan, sak bab wae sing jenenge korupsi wis ngebaki bumi Indonesia.
Lha sing nglakoni saben dina krungu informasi endi becik endi ala. Kayane ya
beragama, sekolah! Apa tembunge yen ora bungentuwo.
Bungentuwo iku kasuse kabeh
menungsa, mung wektu saiki stadiume wis papat, yen penyakit wis kronis. Lha
sing wigati sing tak maksud ing ndhuwur, merga bungentuwo iki sing akaeh-akeh ora
disadhari ora dirumangsani, ora beda kula panjenengan sami. Nangin nggo
ngrumangsani iku sak bab dhewe, sebab krungu karo rumangsa iku beda dimensi.
Nyata bener tetembungan semut di seberang lautan kelihatan gajah di
pelupuk mata tidak kelihata, probleme akeh wong sing omong ngono tapi ora
menyadhari yen sing omong ya ngalami. Nanging ya kuwi mau krungu karo rumangsa
beda dimensi. Mula akeh seserepan sing mung bablas thok, bungentuwo. Kamangka rasa
rumangsa kuwi wadhahe seserepan, ben bisa nyanthel banjur bisa ngowahi prilaku
manungsa.
Tata lahir manungsa butuh mangan
ben waras, ben kupinge krungu. Batin manungsa uga butuh mangan, tembung berkah,
supaya bisa ngrumangsani. Dudu akehe seserepan sing dirungokake, ben dina
krungu siraman rohani utawa digrujugi malah mung keplepegen, yen batin ora bisa
madahi. Ora mung tata lahir, batin uga wajib diopeni.
Mula ngalap berkah iku penting,
wujud panyuwunan, ndedonga, utawa disembur dhewe awake. Aja mung mangan sega,
becik dikulinakake tumrap batine ya uwur ya sembur. Berkehi dhewe awake dhewe.
Didandane awake dhewe-dhewe. Supaya kahanan bisa berubah tansaya dina tandaya
apik.
Raketang mung sethithik, bab
bungentuwo, coba njenengan penggalih. Mugi kita sami tinebihna saking
sambekala, tansah pinaringan berkah Gusti.