Sapa sing ora tahu ngerti, ya paling ora krungu, bab wiwitan lan pungkasane ngaurip, bab sangkan lan parane dumadi. Sing akeh-akeh padha pinter ngucapake yen kabeh kagungane Gusti, seka kana asale menyang kana baline. Nanging apa sing wis tau dirungu utawa dingerteni mujud ing obahing pikir, sing nganti tekan rasane. Yen obah rasane, apa sing dirasaake mau uga bisa mapan lan banjur nuntun tingkah lakune. Ya prilaku kang jumbuh karo rasa, rasane Gusti kuwi mau.
Jaman kala semana ana nom-noman ngadeg ing pucuking gunung, kang lagi nyawang gebyaring donya. Ginoda, perang batine, polah pikire, perang batine, melu rampok (sing sejatine sifate njajah) utawa melu Bapake, srana iming-iming gebyaring donya. Pilihane melu Bapake.
Kayane sederhana, gampang dipahami; aku ya bisa nggawe pilihan ngono kuwi tur pilihanku pancen ngono.
Iku sing apike dititi maneh, apa wis pener mengkono. Yen wis ngerti, apa wis dirasa, apa wis ditindakake. Wis ngerti tenan? ... embuh!, yen ta wis ngerti tenan ngerti thok ora guna. Wis tekan rasa? ....embuh, apa kuwi maksude!, yen wis dirumangsani ora dijangkah njur piye dayane rasa bisa migunani. Wis ditindakake? ...embuh!, yen wis ditindakake apa tumundake dituntun rasane, rasane pikir utawa pikire rasa lan sakpiturute, mengkono kudu dititi maneh.
Dititi nganggo ukuran, yen ukurane urip isih ndhisikake gebyare donya, sepira sugihe, ya apa karire, jumlah olehe ndonga, gedhene angka-angka, rajine mangkat ndedonga, jaim (jaga image, pencitraan) lan sak piturute; berarti lagi ngerti thok.
Sejatine manungsa saiki lagi urip ing jaman penjajahan sing wis dadi tradisi, nemen, nanging ora sadhar yen sejatine lagi di jajah. Ora krasa. Ora krasa. Ora krasa.
The man is currently living in the colonial era that has become tradition, the outrageous, but did not realize that it really is being colonized, the pattern of dependence on worldly things. Not feeling it. Not feeling it. Not feeling it.
No comments:
Post a Comment
bebas berkomentar, berkomentar bebas ....